Panutuhmi Ora Luput
Apa sliramu ora kelingan rikala semana.
Nalikane rembulan nedheng purnama.
Sarta lintang lintang sedheku ing angkasa.
Nyemak pamintamu kang tansah angrerepa.
Wangsulanku amung kandheg ing dhadha.
Nadyan seklimah datan bisa nyabawa.
Tembung tembung rakitanku gagar udhar.
Luluh lungse ana ing lurunging nala.
Balungku krasa ringkih... Pangrasaku pincang...
Tanpa dhangka tanpa jangka... Jroning batin datan cetha... Kaya titah kang tanpa pakra.
Lumrah... yen sliramu nyanggit pamothah.
Adege trena kudu sinangga jagak kang kuwat.
Nora ngemungake kobaring asmara.
Ngundha janji njanji wirang kang ngaya wara.
Katresnan kuwi dudu geguritan ukara.
Kang rinengga sinulam tembung pangrimuk.
Tresna kuwi awujud budi lan pakarti nyata.
Binudidaya minangka sekaring bebrayan.
Pancen sliramu ora luput.
Ya mung aku wae sing cubluk.
Datan bisa nyandhaki panutuhmu.
Minangka pamecuting jiwaku.
Kang kesengsem endahing pasuryanmu.
Ana empere lincak tuwa kang gothang.
Sinangga bata kang arang arang.
Sarta wus ora kuwat nyangga beban.
Srana minangka punagining katresnan.
Wis... Aku pamit medal pasilan.
Sangu ati kang kebak panalangsa.
Bebadra ngupadi tresna kang nyata.
Muga bisa nambani wilahning ati kang karanta ranta.

No comments:
Post a Comment